Banyak
desa di daerah Indonesia. Di setiap desa mempunyai sejarah masing
masing. Setiap desa pasti punya misteri. Berikut ini adalah misteri
desa talagening yang ada di kecamatan Bobotsari Kabupaten
Purbalingga. Dalam bentuk babad bahasa Jawa
Misteri
Desa Talagening
Ing
jaman tepangipun agami budha mbiyen, wonten ing papan lembah gunung
sidingklik wonten tiyang ingkang nyiaraken agami islam asmanipun
chotibul ali. Ing jaman budha saweg majeng-majengipun chotibul ali
sami tetep nyakini ajaran ingkang dianutipun inggih meniko ajaran
islam. Kasiaripun ngantos menyang dusun-dusun sanesipun, dene
chotibul ahli dados penyebar agami Allah, inggih meniko agami islam.
Kathah tiyang ingkang tumut saking njawi daerah. Chotibul ali
piyambak sebenere sanis tiyang asli saking laladan lembah sidingklik.
Kasunyatanipun tiyang meniko tiyang saking dusun Sikasur kabupaten
Pemalang. Piyambeke sampun dangu ing dusun mriku kalian anak lan
garwane. Kakange, ki nalaita, mireng adine sampun sukses anggene
nyiaraken agami islam ing lembah sidingklik, lajeng piyambeke nusul
ingkang gadeh maksud kepengin ngrewangi. Kasunyatanipun sawise gutul
ing mriku, chotibul ali saweg ing bahaya ngadepi mungsuh saking
tiyang – tiyang budha. Tiyang – tiyang budha mboten remen
wontenipun agami islam mlebet ing laladan kasebut. Ki nalaita nyuwun
pitunjuk marang gusti Allah supados diparingi pitulungan dene
piyambeke kalian adine gadhah tujuan ingkang mulia sanget, inggih
meniko kepengin nyebaraken agami islam. Ki nalaita semedi ing perek
tuk pulanggeni. Ing papan mriku pancen ngantos saniki taksih
dikramatake. Ing wekdal meniko tuk pulanggeni teksih dados kebon
ingkang angel ditembus manungsa ngantos papan mriku. Sebab ki nalaita
mantep sanget kangge mbelani adine lan kangge mbelani agami suci,
kados napa angele piyambeke tetep usaha semedi ing papan mriku.
Wonten wengi kaping kawan dasa wonten sinar karemenan saking ingkang
maha kuasa. Piyambeke angsal wangsit dene kudu nggabung kalian
pendekar putri ingkang saweg madepokaken ing candi supit urang.
Piyambeke pendekar putri ulung inggih meniko dewi rantan sari.
Piyambeke penyiar agami islam. Sebabe sekedap malih kawontenan
mungsuh saking tiyang –tiyang budha saking ngaler.
Saking
dukanipun chotibul ali ngadepi masalah ingkang werna-werna. Teka ki
Nalaita ngutaraken sedaya peristiwa ingkang dipun alami banjur
ngomong “ aja kewatir chotibul Ali, aku wis olih wangsit
sekang gusti Alloh, dene dewek kudu gabung karo pendekar putri
ingkang asmanipun Dewi rantan sari, ingkang saweg madepokaken ing
Candi supit urang”. Chotibul ali dados sumringah krungu omongan
saking kakange. Ing sawijining dinten, tepat dinten setu pahing
katekanan mungsuh saking ngaler. Sadurunge tekan sampun ketingal
benderane. Ki Nalaita kaliyan adine Chotibul ali, kalih Dewi rantan
sari mboten mendel mawon. Piyambeke kabeh di rewangi sedaya
wadiyabalane siap njemput saking candi Pulanggeni. Kasunyatanipun
tepat dinten setu pahing ketekan mungsuh. Padudon mboten saged di
tinggalna lan kathah korban saking kalih pihak. Sebabe dinten setu
pahing di kramataken dening tiyang-tiyang laladan kasebut. Mboten
angsal lelungan ing dinten setu pahing. Amargi menawi di langar mesti
badhe nemahi kacilakan. Kasunyatane mungsuh saged di kalahake ngantos
saniki taksih wonten paninggalane inggih punika gunung proyek lan
gunung sambeng.
Prajurit
mungsuh ingkang seda dipun sarekaken ing candi proyek lan prajurit
kita ingkang seda di sarekaken ing candi gunung sambeng. Papan punika
ngantos saniki taksih dikramataken. Gunung sambeng pancen papan
ingkang medeni sanget, kaliyan wit-witan ingkang ageng-ageng. Saged
dipun wastani papan ingkang angel di ambahi manungsa. Ing gunung
sambeng wonten jaran lanang ingkang saged mabur, inggih meniko arane
jaran sembrani.
Cariyosipun
jaran kasebut saged mabur ngantos ing desa sebelahe inggih meniko
dusun karang klesem. Sebabe ngantos saniki tiyang karang klesem
menawi ngopeni jaran wadon ngantos meteng gadhah anak jaran lanang
bahaya sanget. Anak jaran kasebut saged mabur supados jaran sembrani
ingkang manggon ing gunung sambeng. Ngantos saniki tlapak sikil jaran
sembrani kasebut teksih wonten bekase ing watu ageng lan anehe bekas
tlapak sikil jaran kasebut medal banyune. Papan kasebut
saben dinten jumat kliwon ngantos saniki dados papan ziarah para
dalang lan penari jaran kepang.
Semanten
cariyos babadan dusun Talagening saking tembung telaga gending.
Disebataken telaga gending amargi asal mulane badhe damel telaga ing
tlagayasa lan ing mriku dados papan kangge musyawarah antarane ki
nalaita, chotibul ali lan dewi rantan sari.
No comments:
Post a Comment